Pisajawa

--

--

Menapa ingkang dipunwastani PISA?

PISA (Program for International Student Assesment) inggih menika tes kangge ngukur kaprigelan literasi saha numerasi para siswa saking negara anggotanipun. PISA menika salah setunggal prodak ingkang dipunasilaken OECD ( The Organization for Economic Co-operation and Development) inggih menika setunggal organisasi internasional ingkang dados wadah nemtokaken paugeran paugeran kangge kemakmuran, kesetaraan, kesempatan, kangge sedaya negara anggotanipun (wonten 28 negara angggota).

Menapa wigatining PISA kagem pamulangan Basa Jawi?

Gayut kaliyan PISA temtu kemawon pamulangan Basa Jawa ugi kedah ngandhut instrument instrument soal tipe PISA menika. Wontenipun ALN (Analisis Literasi Numerasi) menika nedahaken bilih pamarentah saestu gadhah pangajeng ajeng skor PISA Indonesia menika dados sae. Kurikulum nasional ingkang samenika dipuntindakaken ngandhut muatan menika. Awit saking menika kurikulum nasional menika dados dhasaring panaliten amargi kurikulum menika ingkang dipunginakaken kangge gantosing kurikulum merdeka ingkang dipunginakaken kangge pamulangan Basa Jawa wonten ing sedaya sekolah ing Daerah Istimewa Yogyakarta.